Atur Pasrah Pengantin Bahasa Jawa

ATUR PASRAH PENGANTIN BAHASA JAWAKasugengan soho sih nugrahaning Gusti ingkang akaryo Loka mugi kajiwo lan kasariro wonten anjenengan sedoyo lan kulo amin Panjenenganipun Bapak Semin sekaliyan garwo ingkang kinurmatan, ingkang wonten kelenggahan puniko dipun salirani panjenenganipun Bapak Tugiman ingkang pantes sinugoto ing tata krami. Keparengo kula minongko talanging boso panjeneganipun Bapak Darmo sekaliyan garwo, ngabiyantoro ( tepo ngapurancak) sowan wonten ngarso panjenengan humiring putro temanten kakung anak mas Jono dene wigatosing perlu nuninggih mekaten:

Sepisan hangaturaken salam taklimipun panjenengan Bapak Darmo sekaliyan garwo katur panjenenganipun Bapak Semin sekaliyan garwo dalasan sedoyo kulawangso. Kaping kalihipun kinen hangaturaken sekar cempoko saksele nuninggih penganten kakung anak mas Jono mugi katampi kanthi renoning penggalih kanthi panyuwunan inggal kadhaupaken kaliyan atmojo putrinipun bapak Semin ingkang asmo roro ayu Tumi miturut adat widi widono ingkang lumampah wonten ing tlatah mriki. Kulo sapengombyong namung jumurung karso mugi tumapaking titi laksono rancag lancar tan manggih rubedo sinartan puji donga, mugi Gusti Allah ingkang Maha Agung tansah paring nugroho jejodhohan pinangaten kekalih.

Mekaten pepuntaning atur, jenang selo wader kali sesondheran, apuronto menawi lepat nyuwun pangapuro. Waduk gajah mungkur wonogiri, menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging pangaksami.
Nuwun, bapak soho ibu, poro sepuh, sesepuh ingkang kulo paring pangurmatan ugi sedherek sedherek ingkang rawuh wonten mriki. Bapak soho ibu (besan), kulo angaturaken sugeng rawuh panjenengan sarowang. Sakelangkung ing syukur kulo, dene rawuh panjenengan, kula saestu ngetrepi wanci ingkang prayogi.

Monggo kito sedoyo panjetaken puja puji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang paring kaselametan lan Rahmatipun dumateng kito sedoyo.

Bapak soho ibu (…..) rawuh wonten mriki bade maringaken putro jaleripun, penganten kakung ingkang asmonipun Raden Bagus (….) sinartan peparing manekawarno, kula sanget-sanget angaturaken gunging panuwun. Sadoyo kolo wau kulo tampi kanthi suko renoning manah.

Salajengipun Bapak (…) sampun kepareng paring kapitadosan dhumateng kulo babagan kelampahanipun dhauping penganten ing mangke kulo sendikani. Sanajan sagaduk kuwawi kulo.

Ing puniko, panjenengan kalian sedherek sedherek kulo suwun lenggah prayogi ing palenggahan ingkang sampun kulo cawisaken, sumene ngiras pantes angestreni dhauping penganten. Dene wonten kiranging boja lan kromo kula anggen kulo anampi rawuh panjenengan sakonco, mugi keparengan maringi agunging pangaksami.cekap sementen atur kulo.
Miftah Print Menerima & Melayani cetak undangan, buku Yasin, cetak label nama, pembuatan undangan digital, cetak dokumen, cetak photo, scan dokumen, laminasi, pengetikan, jilid, dll.

0 Response to "Atur Pasrah Pengantin Bahasa Jawa"

Post a Comment

Kritik dan Saran anda sangat dibutuhkan agar bisa membenahi segala kekurangan kami

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel